Kang C

Oleh: KRT Akhir Lusono, S.Sn, M.M.

Horeg saindening bawana
Amung kasempyok aranmu
Wong sadonya durung akeh sing wanuh wewujudan mu
Ananging pindha gabah den interi
Sakalir manungsa padha mbebeki
Pating cruet swara saur manuk
Ing donya virtual pating sliwer warta kang maneka warna
Ana kang nggegirisi
Ana uga kang gawe adheming ati
Akeh kang padha keplayu keplantrang
Nggenjrit lali yen kagungan Gusti

Dhuh Gusti Kang Maha Kuwasa
Gusti Kang Maha Agung
Allah SWT
Mugi panjenengan paring pitedah yekti
Punapa ingkeng kedah dipun lampahi
Dening pramanungsa ing bumi sayekti
Mencungul pletik ing swara ati:
Manungsa kudu bali
Mring panguwasaning urip iki
Ngibadah kudu tansah kaupadi
Urip resik kudu tansah dadi slendang kang tan tininggal
Eling lan waspada muga tansah jinaga
Dimen urip tansah ening eneng lan enung
Tenterem kadya sawingi uni
Ora gugup ngadhepi
Kang aran Mamas C

Gurit kaanggit dening: Kang Alusono


Sumber: https://arbaswedan.id/kang-c/